05/01/11

Kalimat Thoyyibah


(Foto tulisan tangan KH. Baidhowi bin Abdul Aziz)



Wejangan KH. Abdullah Faqih Langitan:
“Neng Pondok Iku Seje Karo Sekolah Biasa, Yen Wes Di Futuh Karo Gusti Allah, Ora Ono Istilah Angel”

Iku tashil karangane syekh Abi Fadhol, termasuk salah sijine Guruku, Mbah fadhol Putrane Mbah Abdus Syukur Assenori Bangilan Tuban. Mbah Abdus Syukur iku muride Mbah Soleh Langitan iyo karo muride Mbah Soleh ndarat terus ngaji nok Mekkah, duwe guru, gurune Mbah Syakur iku didongakno karo gurune maneh sopo wonge dadi muride didongakno dadi wong alim sampek sakteruse.

Sak elingku, naliko diceritani karo Mbah Fadhol iku maksute ngunu Yai Nawawi Banten, Kiyai Nawawi Banten iku didongakno karo gurune saking ikhlase karo gurune saking karo olehe temene khidmah.”kowe kabeh tak dongakno dadi wong alim lan santri santrimu, santrine-santrimu sak teruse kabeh dadi Wong alim “. Al hamdulillah aku melok kelbu amergo aku dadi santrine Mbah Fadhol, Mbah Fadhol putrane yo santrine Mbah Syakur iku muride mbah yai Nawawi Banten, Mbah Yai Nawawi iku didongakno karo gurune koyo keterangan ing ngarep mau. Wis kowe mugo-mugo yo dadi santriku ! Amin….Aku ngunu ngakoni yen kowe kabeh iku santriku tapi kowe kabeh durung mesti ngakoni aku dadi kyaimu. Mergo wong mulang (kiyai) iku wes mesti niate disebarno. Tapi ono seng nyetrum ono seng ora, ono seng nyambung kabele yo ono seng ora, Umpamane koyok pemancar berita utowo liyan-liyane, tapi ono seng nyetel radio iku ono sing cocok gelombange yo ono sing ora. Sing cocok iku sing iso paham? Podougo guru nyebarne ilmune menyang murid-muride, tapi murid-muride iku ono seng nyetel gelombange kanti pas lan ono seng ora. Seng nyetel iku seng nyambung.
mosok koyo guru SD Sing ora ono hubungan antar murid karo guru gak ono ta’alluke. Guru SD iku yo ngur mulang ta’lim tok, ora liyan-liyane, bar yo mboh belajar dewe sing temenan, gak pernah dongakno muride, utowo mikiri murite piye mengko yen ora biso, kuwi ngono kebanyakane guru SD-SMP seng mulang ta’lim wae, kiyai iku yo mulang ta’lim yo tarbiyah, lan kadang dadi saekhud tarkiyah, pangkate. Tapi yen ngono yen murite nyambung, yen santrine ora nyambung koyo setengah saking santri saiki, ora koyo santri kuno, santri kuno kuwi mondok 2-3 tahun mulih wes iso dadi kyai mergo ono sambungane karo guru. Tapi yen santri saiki iku kadang mondoe wes 3 tahun, 4 tahun, 5 tahun ono seng sampek 13 tahun ning kene nanging aku ora ngerti jawane, ora kenal aku. Iku ngono mergo ora ono hubungan, aku yo ora kenal, akibate kurang ono barokahe.

Sa’jane awakmu takok’o menyang awakmu dewe, kyiaiku utowo guruku iku karo aku kuwi piye yo? adoh opo parek, yo tako’o karo atimu dewe yen atimu adoh berarti yo adoh tapi, yen ngroso parek berarti insya’ Allah yo parek iku jere Kiyai Hajar. Setengah saking tengere adohe ati menyang guru yo iku, koe gak tahu petuk, nggak tahu salaman, muleh ora sowan, sampe’-sampe’ boyong ora sowan wong tuwane ora mametno ngunuku piye olehe sambung. barang muleh yo biasa-biasa gak ketoro bar mondok suwe kurang ono manfa’ate ngulango tektek ngulang TPQ ngak iso gawe pondok utowo madrasah neng pondok kuwe kudu sambung karo guru, salah sijine nyambung yo dungakno gurumu. mbuh kuwi guru-gurumu ning omah utowo ning endi gon wae, mergo gurumu kuwi akeh guru mulang ngaji Qur’an, guru liyan-liyane. ojo sampek ngomong mantan guru yen kuwe wes luweh ngalim timbang gurumu mau. mergo ora ono istilah mantan guru.
isomu moco kitab biyen yo mergo diwuru’i gurumu mau, mboh kuwi mung rupo turutan, tasrifan. Ojo sampek anggep bekas utowo mantan guru. kuwe iso moco kitab mergo diwuru’i/ diwulang alif, ba’, ta’ berarti seng mulang awakmu iku yo tetep gurumu.

Neng pondok iku seje karo sekolah biasa, yen wes di futuh karo gusti Allah, ora ono istilah angel masiyo ora atau mbokji yo iso diwoco. Opowae maceme kitab iso diwoco mulane ono wong ngaji tok saking apik atine lan kelakuane, mboh kuwi bocahe ora patio mempeng ngajine ngunu yo iso ke futuh lan kefutuh ati iku ono kalane kangelan akale, mergo kangelan lan ono kalane ngajine digampangne di bukak atine dadi olehe ngaji digampangne.
Ngaji neng pondok iku yen kitab papat iki wes disakno insyaAllah dadi kiyai. Nomer siji Tafsir jalalain, isakno , woconen, deresen. Ora kiyai NU tok seng ngakoni kitab iki kiyai Muhammadiyah yo ngakoni contone kiyai muhammadiyah paciran yo iku KH.Abd. Rohman kebukak atine naliko moco Tafsir Jalalain, aku dewe yo ngunu. Isoku lancar moco kitab nalikane diniyah mutammimah aku ngaji kitab iki katam peng pindo terus aku ngaji Al fiyyah mergo meski aku wes iso moco kitab aku iseh ngeroso durung iso, aku cerito iki supoyo kuwe kabeh niru aku, ora krono tasmi’ utowo riya’. Sak durunge ngaji alfiyyah aku wis iso ngaji taqrib kanti bener qoidah-qoidahe amalan minhajul qowim, ngono mau aku isih ngroso durung iso moco kitab mulane aku ngaji al fiyah. Ngajiku alfiyyah nang Lasem karo Mbah Ma’sum. Al Hamdulillah mulai awal nganti akhir ngga’ tahu ketinggalan Ngaji. Mbah Ma’sum yen Ngaji, Lafadz lan ma’no ora diterangno lan suarane karo glorok-glorok tapi tetep tak rungokno aku ngaji mergo golek ilmune lan barokahe.
Taqrib yo ngono Al Hamdulillah mulai awal nganti akhir ora tahu ketinggalan. Mondokku ora suwi namung 2-3 tahun. Aku biyen ngaji tafsir ora tak sahi bar mari ngaji tak deres tak niati kanggo mraktekno nahwu shorof lan ngapalno lughote.
nomer loro yoiku kitab fathul mu’in, iki sing bagian fiqih, wis cukup nggo takon-takonan wong sak deso utowo sak kabupaten. Yen ono masalah opowahe buka’en kitab iki opo wahe biso dijawab. Lan kowe kudu nduwe kesanggupan iku siap ditakoni ora jawab kanggo fatwane dewe tapi fatwane ulama’ ono ning kitab iki, nomer telu Minhajul Abidin, nek kebukak atine iso ma’rifat yen kepingin kebukak atine, pingin wusul maring Allah yo ngaji Minhajul Abidin. Nomer papat Ibnu Aqil, iki ilmu nahwune, aku ngaji Ibnu Aqil nang Mbah Baidhowi Lasem, koncoku ngaji amung wong luru tok. Mbah Baidhowi kui wong sing tenanan ( disipilin ) wayahe beduk bar sembayang langsung ngaji, wayahe wong-wong podo ngantuk, podo turu. Opomaneh pas wayahe koncoku sing sijine muleh isek aku dewe sing di ulang, ngonowae tak tinggal turu misan. Tapi karo mbah Baidowi dijarno tapi isih diwoco sampek mari, yen wis mari aku di gugah tapi Alhadulillah aku mulih langsung mbalah Ibnu Aqil yo iso iku barokahe guruku.
Alhamdulillah muridku yo akeh seng dadi koyo KH. Masrur, KH. Fadhil, KH Masbuhin, KH. Salam, KH,Ihya’ Ulumuddin. Biyen ngaji Ibnu aqil tak kongkon moco kabeh sak katame, tapi yen saiki awakmu sekolah ora ngaji Ibnu Aqil mergo kedawan tapi ojo sampek mbok tinggalno. Koe ngaji alfiyah pisan iku isik angok-angok durung faham lan durung biso mraktekno dadi ngaji alfiyah ora cukup pisan. Yen bapak ngaji aku yo melu ngaji kowe yo ngono yen ono koncomu ngaji yo meluo, yen ono koncomu sinahu yo eluo.
Kapan koe temen himmahmu. Kitab papat iki isakno wis cukup kanggo bangun pondok, madrasah. Upomo awakmu dadi kiyai tenan ojo sampek niat dadi dimulyakno wong iku ora bener, yo niyat ngulang bojo, wong lio, yo awake dewe . Niat ngilangno bodone. Umpomo koe dadi kiyai tenan lan wes kangelan (temenan ngulang ) santri tiba’e wong tuwane ora ngerteni, ora bantu opo-opo yo ojo nggersulo mergo niate ora ngono.
perkoro rezki insya Allah kapan koe ngaji, ngulang Lillahi ta’ala yoiku rizqi wong seng golek ilmu kerono Allah kejobo rizki umum tapi yo ihtiyar. lan ono maneh kitab Taqrib iki salah sijine wiridane Langitan.
Lan saiki, ngaji Alfiyyah seng mbukak langsung gurune nang kelase dhewe-dhewe. Sebab aku kuwatir, menowo tradisi koyo ngene iki diterusno bakal akeh madhorote. Koyo dene ngaji tutup kendang, mung semangat ono ing kawitan lan akhire thok mergo dibukak lan ditutup nag musholla koyo ngene iki. Saiki ayo moco fatihah dikhususno kanggo Syeh Ibnu Malik, Masyayekh Langitan lan Mbah Ndol. Mugo-mugo oleh barokahe lan manfaate anggone ngaji alfiyyah iki. Al-Fatihah………..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar